Wigya Angesti ing Hyang Widhi

Wigya Angesti ing Hyang Widhi
Wigya Angesti ing Hyang Widhi Raywa Sagung Dumadhi

Minggu, 23 Januari 2011

Wedjangan

Mila inggih boten kenging kangge wiraosan kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos, inggih ingkang dereng kepareng angsal ilhaming Pangeran. Hewa dene sanadyana kangge wiraosing kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos, wedaling pangandika ugi mawia dudugi lan pramayogi, mangertosipun kedah angen mangsa lan empan papan saha sinamun ing lulungidaning basa...Awit saking punika, pramila ingkang sami kasdu maos serat punika sayuginipun sinembuha nunuwun ing Pangeran, murih tinarbuka ciptaning saged anampeni saha angecupi suraosing wejangan punika, awit suraosipun pancen kapara nyata yen saklangkung gawat. Mila kasembadanipun saged angecupi punapa suraosing wejangan punika, inggih muhung dumunung ing ndalem raosing cipta kemawon.Wigya Angesti ing hyang Widhi ..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar