Wigya Angesti ing Hyang Widhi

Wigya Angesti ing Hyang Widhi
Wigya Angesti ing Hyang Widhi Raywa Sagung Dumadhi

Minggu, 23 Januari 2011

Mbah kakung

Mbah kakung ngendiko ..Ing salebeting kalbu rumaos kagigah,binuka saja kentjeng sedijanipun,thukuling raos ladjeng tansah kagungan rasa tresna marang ing sesamining tumitah,mboten mbedak-mbedak aken malah sansaja ngrembaka ing wasana ugi mahanani santosaning penggalih anggonipun badhe mangudi dhateng kaluhuran..Inggih ing salebeting kawontenan punika manungsa saget rumaos,bilih pengalihipun kirang santosa mijar mijur gampil kapikut tuwin kapikat dening ppakartining pantja drija ingkang damelipun namung adjak adjak gawe risak kemawon..Mangertija jen sira ana ing sadjeroning lali kuwi kang ana kabeh mung marang nistha,jen sira dumunung ana ing sadjeroning eling kabeh kuwi mau sedjatine dalan kang tumudju marang kaluhuran,mula saka kuwi jen pantjen ing wektu dina iki sira wus wiwit binuka rasanira,elinga marang djedjering djagad ja djagad raja,utawa djagadira pribadi kang den arani bawana setra,lan jen pantjen sira njata njata temen sumedija tumindak kang tumudju marang kaluhuran djati,pirsa marang asal mulanira,weruh marang sedjatine djiwangga..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar