Wigya Angesti ing Hyang Widhi

Wigya Angesti ing Hyang Widhi
Wigya Angesti ing Hyang Widhi Raywa Sagung Dumadhi

Sabtu, 21 Mei 2011

Djampi tamba Ati




Sadaja makluk poenika amasti boten wonten ingkang ngadjeng adjeng moerih badanipoen kaparag sakit, anangging sadaja amasti angadjeng adjeng dateng kasarasan, Sanadjan makaten poenapa wonten ingkang ladjeng boten kaparag ing sesakit salaminipoen? inggih mestinipoen boten wonten. Wontenipoen namoeng ingkang awis awis sakit, Toewin ingkang asring sakit.
Menggah sesakit poenika ateges para maos amasti sampoen sami ngawoeningani kados dene ingkang sampoen katitahake dening Goesti toemrap sadaja makluk. Mekaten oegi toemrap ing pambirating sesakit kalawaoe, inggih poenika Djampi, Oegi kados dene sampoen katitahake dening Goesti toemrap satoenggil satoenggiling sesakit,inggih poenika : sakit anoe Djampinipoen poenika , sakit mekaten djampinipoen mekaten.

:Temboeng temboeng ing ngisor iki salinana nganggo temboeng lijane kang memper tegese..
Makluk, Kaparag, Dititahake, Ngawoeningani, Toemrap, Pembirat.

1 komentar: